Cerita Rakyat Timun Mas Ujian Praktek

Cerita Rakyat Timun Mas

Rikala biyen, wonten setunggal jodo lanang wadon ingkang dados petani, panguripanipun ing alas lan urip bagyo, ananging dereng dipun paringi momongan.

Saben dinten dedonga marang Gusti ingkang maha agung nyuwun diparingi anak, ing sawijining dinten, wonten buta mirengaken donganipun pasangan kalawau, banjur buta maringaken wiji timun. Wiiji timun menika menawi ditandur bakal pikantuk anak wadon, ananging saumpama yuswanipun sampun 17 taun, anak menika wau kedah dipun paringaken mallih kaliyan buta. Banjur pasangan wau setuju kaliyan syaratipun buta.

Pasangan tani banjur nanem wiji wiji timun saking buta kalawau. Saben dinten dirumat kanthi temenan. Ing salebetipun woh timun menika wonten bayi kang diarani Timun Mas.
Taun ganti taun, timun mas dados dewasa kang ayu. Wong tuane bangga kaliyan Timun Mas, ananging ndadosaken raos ajrih, amarga menawi yuswanipun Timun Mas sampun 17 taun, buta badhe teka lan nagih kangge mendhet Timun Mas.

Ing sawijining dinten, buta teka, petani ngendika supaya buta ngentosi sekedhap. Banjur petani manggihi anake lan maringaken kantong bujur kangge nulung nglawan buta.

Buta mangertosi menawi sampun dilombo marang petani, banjur buta ngobrak abrik griyanipun petani lan nyusul Timun Mas ing alas.

Buta mlayu nyusul Timun Mas, Timun mas mendhet setunggal gegem sarem saking kantong bujur ditawuraken menyang buta, banjur dadi laut amba, buta ngelangi kangelan. Timun mas mlayu, ananging buta saged nyusul, banjur ditawuraken lombok. Wit witan ana eri landep ngurung buta, buta kelaranen, banjur timun mas mlayu.

Ananging buta saged nyusul melih, banjur timun mas mendhet setunggal gegem wiji timun lan ditawuraken marang buta, wiji menika wau dados kebon timun. Amarga kekeselen buta mangan timun – timun banjur turu.

Timun mas mlayu, ananing buta tangi saking turune, banjur Timun Mas mendhet trasi urang lan dados danau belet ingkang amba, buta kajebak lan gigal.


Timun mas lega saged selamet, banjur bali manthuk. Rama lan biyung lega saged weruh Timun Mas selamet. Kawit kejadian menika Timun Mas saged urip tenang kaliyan wong tuanipun tanpa keweden melih.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

TEKS EKSPOSISI GAMELAN JAWA